Saturday, June 23, 2012

Kagunan Basa (bagian 2)


6. Tembung entar yaiku tembung kang tegese ora salugune.
Tuladha:
dawa tangane : clemer
jembar segarane : sugih pangapura
landhep nalare : pinter
cekak budine : gampang nesune
adus luh : nangis
peteng jagade : susah
gedhe endhase : sumangkeyan/sombong
perih atine : kalara-lara
dawa ususe : sabar
lunyu ilate : mencla-mencle
mogel ilate : mangan enak
gilig atine : golong pikire
alus budine : andhap asor
panas athine : kemropok

7.  Paribasan yaiku unen-unen kang ajeg, tegese wantah.
Tuladha:
adigang, adigung, adiguna       = ngendel-endelake
nyolong pethek                                       = ora cocog karo pangirane
kepara-kepere                                          = pangedume ora padha
criwis cawis                                                          = kakehan omong nanging mrantasi
keplok ora tombok                                   = ngrasakake senenge ora cucul wragad
yitna yuwana, lena kena           = sing ngati ati slamet, sing sembrana tiwas
busuk ketekuk, pinter keblinger = bodho lan pinter cilaka kabeh
jalukan ora wewehan                = gelem jaluk emoh menehi
welas tanpa alis              = marga saka welase temahan kapitunan dhewe
kerot tanpa untu = kakehan pangangkah nanging ora duwe kekuatan
anak polah bapa kepradhah = wong tuwa nyembadani panyuwune anak

 8.  Bebasan yaiku unen-unen ajeg kang ngemu surasa pepindhan.
Tuladha:
nabok nyilih tangan                   = gawe piala kanthi kongkongan
suduk gunting tatu loro             = nandhang kapitunan rangkep
ora ganja ora unus                     = wong kang rupa lan tumindake ala
nututi layangan pedhot             = mbudidaya baline kahanan kang wis ora becik
idu didilat maneh                        = nyeled kesaguhane dhewe 
madu balung tanpa isi                 = tukar padu bab sing sepele
ngubak-ubak banyu bening = gawe rusuh ing papan tentrem
mban cindhe, mban siladan = pangrengkuhe ora padha/pilih asih
dudu berase ditempurake = nyambung rembug sing ora cocog karo bakuning rembug
adol lenga kari busike                = tegese tukang andum malah ora keduman
ora mambu enthong irus           = ora ketara yen sedulur.

9. Saloka yaiku unen-unen kang gumathok, kang ngemu pepindhan.
Tuladha:
gajah ngidak rapah                                = wong nerak wewalere dhewe
kebo nusu gudel                                     = wong tuwa njaluk wulang wong enom.
kemladheyan ngajak sempal                 = mitra kang ngajak rusak. 
tekek mati ulone                          = wong cilaka marga rembuge dhewe.

No comments:

Post a Comment