Wednesday, June 20, 2012

Kagunan Basa (bagian 1)


1. Tembung saroja yaiku tembung padha tegese, digandeng dadi siji.
Tuladha:
andhap
baya pake
kokot bolot
sapa aruh

2. Tembung yogyaswara yaiku tembung kang digandheng dadi siji mawa teges lanang wadon.
Tuladha:
hapsara-hapsari
dewa-dewi
putra-putri

3. Tembung garba yaiku tembung loro sing digandeng, nanging suda wandane.
Tuladha:
prapta + ing - prapteng
tumuju + ing - tumujweng
wira + utama - wirotama

4. Rura basa yaiku tembung kang salah nanging wis kaprah (umum).
Tuladha:
nguleg sambel
netel jadah
mbunteli tempe
Adang sega
menek krambil
mikul dhawet
ndondomi klambi
nggodhog wedang
nenun sarung
ngenam klasa

5. Kerata basa yaiku tembung loro sing digandheng nanging suda wandane lan mawa teges.
Tuladha:
wedang : ngawe kadang
kuping : kaku njepiping
tandur : nata karo mundur
gedhang : digeget sabubare madhang
tarub : ditata kareben murub
tebu : antebing kalbu
cangkir : nyancang pikir
dhalang : ngudhal piwulang
sepur : asepe metu ndhuwur
dubang : idu kang abang
kathok : yen nganggo diangkat baka sithok
krikil : keri neng sikil
garwa : sigaraning nyawa
kupluk : kaku tur nyempluk
cengkir : kencenging pikir
janur : sejaning nur
mantu : barang sing dieman-eman metu
guru : digugu lan ditiru
prajurit : prawira jujur lan ngirit

1 comment: