Tuesday, September 11, 2012

Contoh Layang lan Bagian-Bagiane


1.    Tawangmangu, 10 Maret 2012
2.    Layang tumekaa marang mitraku Ida Sudaryati SD Negeri I Mojolegi
3.       Salam taklim

4.       Kanthi laying iki aku aweh kabar Manawa kahananku lan kanca-kanca warga kelas 4 SD Negeri I Tawangrejo, tansah widada, ora ana alangan sawiji apa. Muga-muga Mbak Ida sakanca ing Mojolegi uga tansah mengkono.

5.       Kajaba saka iku, aku bungah banget dene aku lan Mbak Ida bisa dadi kanca kenthel wiwit ana ing PORSENI Sukoharjo taun kepungkur. Muga-muga memitranku karo Mbak Ida tansah diparingana rahmate Gusti ora ana apa-apa. Sapungkure saka Sukaharjo biyen aku banjur matur Bapak Ibuku. Bapak Ibuku rena penggalihe. Mula Mbak Ida yen dolan menyang Tawangrejo dakjaluk gelem mampir.

6.       Wasana cukup samene dhisik, liya dina disambung maneh.


7.  Saka mitramu

8.  Tapak asmane


9.  Karyati Abdullah

Katrangan:
Layang ing dhuwur iku klebu layang iber-iber.
Mungguhe perangane laying kang ganep iku mangkene:
1.       Titi mangsa
2.       Satata basa
3.       Adangiyah
4.       Bebuka
5.       Surasa basa
6.       Wasana basa
7.       Peprenah
8.       Tapak asma
9.       Asma terang

No comments:

Post a Comment